[copas]: Jawa Timuran.... 35

Senin, 31 Mei '10 14:07, dibaca 731 kali

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Bima jurusan Suroboyo - Jakarta.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane. Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok, "PLAK..!!!."


Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin, "Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan, "Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan, "Juancuk, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, "Kapan maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".


Tag: numpak sepur, ngaplok kolonel

Sebarkan Digg Delicious MySpace

Siapa saja yang merating artikel ini:

Komentar:

LCFR 0 0
: )): )): ))
LCFR 0 0
DISKRIMINASI ROCKER!!!!
Dh2L 0 0
Sakit gigi ....
LCFR 0 0
hetrik trik trik
The Crow 0 0
LCFR: [hetrik trik trik] No. Thanks to Dh2L : D
The Crow 0 0
iloenx: Bunali and Wonokairun never die! : D
LCFR 0 0
The Crow: curse his teeth [ -(
Icarus 0 0
The Crow: Edisi Muntiyadi dan Romlah udah punya belom? : D
The Crow 0 0
Icarus: This one?

Kamut, Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk di sore hari. Moro-moro Romlah, anake Pak Imron, liwat numpak sepeda. Arek telu iku langsung ngowo ndhelokno.
" Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?" jare Kamut.
"Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok awakmu, lek turu nyengir koyok jaran" jare Gempil.
"Maksudku, klamben tah gak ngono lo". jare Kamut.
"Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?" jare Gempil gunggungan.
"Wah iyo rek tepak rek." jare Kamut.
Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik. "Gak melok-melok aku. Mboke sangar rek. Kapanane Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh" jare Togog.
"Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. Tugasmu nggendhong aku ambek Gempil. Aku sing ndhik ndukur. Lek wis ketok, aku nyeritakno nang Gempil, terus Gempil nyeritakno nang awakmu." jare Kamut maneh.
"Yo wis setuju." mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi. Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari ngono Gempil ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.
"Areke lagi surian" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi surian" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Yo tah?." jarene Togog.
"Areke lagi bukak klambi" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi bukak klambi" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Mosok se?." jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.
Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan. "He rek onok Hansip, age cepetan" mari ngono arek telu iku semburat ndhelik. Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu. Ambek Hansipe karunge disuadhuk. Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk munine "Meeoong."
"Oooh kucing tibake" pikire hansipe
Sing keloro isine Gempil, pas disadhuk munine "Guk..guk!."
"Oooh kirik tibake"
Lha sing terakhir iku isine Togog, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine " Kentaaang !".
iloenx 0 0
Dh2L: terimakasih sdh menjegal hat-tricknya LCFR: ...... : ) : ) : )
iloenx 0 0
The Crow: LoL.....

kentaaang, tenan....... : )
Icarus 0 0
The Crow: Bukan; yang ini, loh:

Muntiyadi turu ngeloni Romlah, bojone. Pas enak-enak turu, Romlah dhadhak ngelindur celuk-celuk pacare.
"Mas Gempil… aku kangen, Mas. Mas Gempil, peluklah aku, Mas…"
Krungu ngono Muntiyadi malih cemburu ngamuk-ngamuk gak karuan, Romlah langsung diseret lang jedhing.
"Hayo, ngomongo!!! Awakmu pingin pethuk ambek Gempil tah???!!!" jare Muntiyadi mbentak bojone.
"Iyo, Cak…" jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelepno nang banyune bak mandi, cik kapok pikire Muntiyadi. Mari oleh sak menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
"Wis, saiki ngomongo maneh!!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah???!!!" jare Muntiyadi maneh.
"Iyo, Cak…" jare Romlah.
Langsung sirahe Romlah didelepno nang bak mandi luwih sui maneh. Sik gak kapok ae arek iki, pikire Muntiyadi. Mari oleh rong menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.
"Hayo, ngomongo maneh!!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah???!!!" jare Muntiyadi maneh.
"Iyo, Cak…" jare Romlah.
Muntiyadi tambah muntap. Pas arep didelepno nang banyu maneh, Romlah berontak terus takon nang Muntiyadi.
"Sik tah Cak, sampeyan yakin tah lek mas Gempil onok nang njero banyu?"
The Crow 0 0
Icarus: : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : ))
The Crow 0 0
Icarus: Ever heard this one?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,
"Isine kembang yo....".
"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.
"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.
"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok b u gurune.
"Isine kirik kok bu guru..."
Icarus 0 0
The Crow: Iya, udah yang itu. : D

Yang diatas tuh satu paket sama ini:

Tole, anake Romlah, mlayu menggos-menggos mlebu omah nggolek’i ibu’e.
"Buuuk!!! Ibuuuuk!!!" jare Tole ambek nungkul ibuke.
"Opoko Le, kon kok koyok diuber celeng...?" takon Romlah.
"Buk, aku mari mergoki Bapak ambek Yuk Jah wong loro..." jare Tole ambek menggos-menggos.
"Sik talah, alon-alon lek cerito, longgo sing nggenah dhisik ..." jare Romlah ngayemno anake.
"Ngene lho Buk, pas aku dhulin nang omahe Kelik, aku ndhelok Bapak mlebu nang omahe Yuk Jah," jare Tole.
"Wis, wis. Stop! Stop! Stop! Ceritone disimpen dhisik ae. Lek Bapakmu teko, ceritone lagek diterusno. Aku pingin weruh reaksine Bapakmu," jare Romlah.
Sorene Muntiyadi mulih wis dienteni Tole ambek Romlah.
"Ayok Le, age ndhang cerito, Nak," jare Romlah.
"Pas aku dhulinan nang omahe Kelik, moro-moro aku ndhelok Bapake mlebu nang omahe Yuk Jah. Aku timik-timik nututi Bapake, terus nginceng seko jendelo. Aku ndhelok Bapak terus sayang-sayangan ambek Yuk Jah. Mari ngono aku.... Wis, gak wis, aku gak wani nerusno…" jare Tole.
Romlah penasaran, Muntiyadi gemeter tegang.
"Ojok wedhi ambek Bapakmu, ayo wis terusno. Mari ngono Bapakmu lapo ambek Yuk Jah?" Romlah mekso anake.
Mari dipekso-pekso akhire Tole nerusno ceritone.
"Mari ngono Bapak ambek Yuk Jah dulinan jaran-jaranan koyok… koyok…” Tole mandeg maneh gak wani ngomong.
“Lho, ayo terusno ojok wedhi, koyok opo ayo sing jelas,“ Romlah mbentak anake maneh.
Akhire Tole wani nerusno maneh, “…koyok Ibu ambek Om Gempil mbiyen…"
Dh2L 0 0
The Crow: I heard from other's country,Dirty JOOBS
iloenx 0 0
Icarus: LOL puolllllll.....
The Crow 0 0
Dh2L: Yup, some of those Humor Suroboyoan were adapted from internet humors.
ipool 0 0
LCFR: Iya setuju...

DISKRIMINASI ROCKER JAWA TIMUR!! : \ (ipool rocker wannabe [ -()

(*Tapi untuk cerita iloenx: ttg "tabokin", memang inspiratif banget... : D
Black Horse 0 0
ipool: pool........ [DISKRIMINASI ROCKER JAWA TIMUR!! : \ (ipool: rocker wannabe [ -() ]

Ngakak guling-guling........: )) : )) : )) : )) : )) :: )

Inspiratif...... buat iloenx: ; )
boiga 0 0
lucune puollll! : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : )) : ))
boiga 0 0
hidup rocker!!! tetap cerdas, terutama di dalam gelap!

: )) : ))
Ibnu Muslim 0 0
Kaga ngerti, ini lagi ngomongin apaan ya? ; ))
LCFR 0 0
Ibnu Muslim: ngomongin ane gagal hetrik.
Ibnu Muslim 0 0
LCFR: ha ha ha : D
losun 0 0
: D
Black Horse 0 0
LCFR: untuk urusan hetrik belajar sama iloenx: sama boiga: ; )

Ibnu Muslim: Mau belajar bahasa jawa,...? luangkan waktu privat sama paduka The Crow: uda... ; )
ipool 0 0
LCFR: [ngomongin ane gagal hetrik.]

Penjelasan yg singkat padat akurat tepat pada sasaran tembak jarak dekat. [ -(
iloenx 0 0
Ibnu Muslim: kagak ngarti kok kasih rating menarik. yok opo rek? : )
Black Horse 0 0
iloenx: Yup.... seharusnya +1 Inspiratif.... ; )) ; ))
Ibnu Muslim 0 0
iloenx rating menarik tidak terkait sama artikel, karena bikin tulisan lebih dari 3 alinea itu tidak gampang ; ))

Black Horse 0 0
Ibnu Muslim: : )) : )) : ))
Ibnu Muslim 0 0
Black Horse: bahasa jawa tulisan jauh lebih susah dibanding omongan ; ))
Black Horse 0 0
Ibnu Muslim: bukan bahasa jawa kali uda... sanskert ... : )
pall 0 0
jiancuk.... ngakune copas kok ogak enek sumbere ki piye to.

Silahkan login untuk memberikan pendapat