Tangisku 67
Kamis, 10 Mar '11 13:51, dibaca 1200 kali
SedulurkuTM, aku mung sakdrema nulis apa kang dak weruhi, apa kang dak rasakke, sarta apa kang dak lakoni minangka jejering manungsa kang urip ing karang padesan. Udakara wus rong tahun iki, aku lan sedulur-sedulurku para among tani ing laladan Kabupaten Klaten sisih lor, utawa tlatah Sukoharjo iring kulon, padha nandang kasangsaran kang kaya-kaya wus kliwat wates.
Sajroning rong tahun iki, sawah pirang-pirang atus hektar kang amba ngulak-ulak, pranyata ora bisa maneh asung bebungah arupa panen pari utawa palawija kaya adat saben kang wus lumaku. Sajroning rong tahun iki, mawarna-warna ama pari gawe rusak kang tanpa kendhat.
Aku kelingan, rong tahun kepungkur, nalika pari isih nedheng gumadhung, dumadakan sirna kang ijo royo-royo malih tingal dadi abang mbranang, mosak-masik, ajur mumur, ing wektu kang banget cepet, amung butuh wektu sewengi. Ing bengi iku, udan riwis-riwis tan kendhat. Mbarengi udan kang ngglejeh iku, pangamuking tikus sawah sigra gawe muspraning pangarep-arepku lan para sedulurku among tani kabeh.
Tenaga lan ragat kang ora sithik, malah kepara akeh kang direwangi mider golek utangan mrana-mrene, mung kanggo nyukupi anggone ngolah sawah nandur pari, sanalika muspra lan sirna keli mbanjir. Pangamuking tikus mung nyisakkake panen sakarung rong karung, amung tanduran ing sakiwa tengen galengan kang ora diambah tikus keparat iku.
Kedadeyan mangkono dumadi makaping-kaping. Sak elingku, udakara telung tancep utawa telung musim tanduran pari tansah digasak dening tikus. Maneka warna cara wus dilakoni kanggo nyuwuk pangamuking tikus. Mulai saka gropyokan, racun, gembusan, lan sapanunggalane. Malah ana saweneh kadang tani kang nggunakake srana supranatural, awit saking judheg lan kentekan akal kanggo mbrastha tikus.
Sawise setahun luwih daya lan tenaga para among tani pineres dening ama tikus, pranyata gawe pepesing semangat para tani. Sawah atusan hektar dijarke tanpa diurus dadi bera. Kang tuwuh ing kono amung genjer, jawan, enceng gondhok, sarta mawarna-warna suket kang thukul tanpa ditandur.
Kanggone para tani kang isih duwe duwit kanggo modhal, ana kang nandur jagung, melon, lombok lan sayur-sayuran. Nadyan mangkono, dasar pancen nasib lagi apes, hasil panen maneka warna tanduran palawija mau ya ora mbejaji. Malah rega lombok kang nembus atusan ewu wae babar blas ora gawe senenge para tani, awit panen gagal lan mung bisa dadi penonton.
Ngancik musim tanam kaping lima, sabubare ama tikus rinasa wis rada mendha, kanthi cara kiter golek utangan ngiwa-nengen para tani gumregah maneh nandur pari. Temtu wae ragad kanggo ngolah sawah wektu iku kepara luwih larang, amarga lemah wus dadi mengkal amarga kesuwen sing bera. Sewulan rong wulan durung ana tandha-tandha serangan tikus, petani rumangsa rada lega.
Nanging apa daya, ing sawijining wengi kang kinanthen udan riwis-riwis, dumadakan wereng coklat ganti soroh amuk ing atusan hektar sawah mau. Tekan kene, para tani ing laladan Delanggu Klaten (kang kawentar minangka lumbung beras, nalika semana) prasasat linolosan otot bebayune. Adus kringet, gluprut lendhut, gosong porong awake pirang-pirang wulan, sanalika muspra bareng karo sirnaing pangarep-arep.
Kadadeyan amuking wereng coklat mangkono wus meh setahun. Nanging nganti saiki durung ana tandha-tandha bakal mendha. Yen panjenengan ngepasi liwat ing bulak kulon Delanggu sabubar suruping surya, coba sawangen lampu-lampu dalan kang dikroyok mayuta-yuta wereng. Utawa lampu mobilmu kang uga dirubung wereng, walang sangit, lan kepik ireng.
Para tani ing laladan iki wus kentekan daya, luh ing mripat iki wus ora kuwawa tumetes maneh awit pancen kabeh wis asat karana saben dina nandang cintraka. Para among tani ora ngerti maneh kudu sambat marang sapa. Nalika panen amung dadi pengarep-arep, sega aking ing pawon malah kepara wus ludhes, tanpa sisa.
***
Mangkono mau gegambaran kahanan para among tani kang lagi nandhang cintraka ing tlatah Klaten, Sukoharjo, lan Sragen. Banjur para priyagung kang ngasta pangembating praja padha menyang ngendi? Apa netrane picek yen para tani butuh ulungan tangan kanggo uwal saka masalah iki.
Ing sawijining siaran televisi, sawijining priyagung Kementerian Pertanian malah semu ndakwa petani. Priyagung mau ngucap menawa petani sing wangkal, ora kena diatur, angel diajak rembugan, lan sapanunggalane. Oalahh....kok ya talah temen wong siji iki. Kayane pejabat iku ora nate ngambah ing sawah, katilik saka sepatune kang kinclong lan pantalone sing klimis.
Para priyagung iku dak kira perlu dibukak netrane, menawa konseo-konsep pertanian kang nalika semana banget moncer lan "jargonis" wis ora cocok maneh ditrapake ing zaman saiki. Contone, priyagung iku "nggugat" menawa ama tanduran angel ilang amarga pola tanam kang ora serentak. Ama mung mlumpat saka lahan siji menyang lahan sakiwa tengene.
Yen manut ilmu sekolahan, pancen gagasan kuwi ana benere. Nanging kang dumadi ing lapangan satuhu adoh lan beda karo ilmu-ilmu sekolahan kang dakik-dakik iku. Kepriye para tani bakal ngetrapake pola tanam serentak yen jumlah tenaga kerja ora nyukupi? Pancen saiki akeh pawongan kang nganggur ing karang padesan, nanging sanadyan nganggur pranyata ora gampang ngajak dheweke nyambut gawe macul neng sawah. Luwih becik dadi tukang ojek, buruh pabrik utawa panji klanthung tinimbang dikongkon macul neng sawah, nadyan hasile luwih akeh tinimbang dadi buruh pabrik.
Ing desaku, golek tenaga kanggo ngolah tanah, tandur, matun, angele ngungkuli golek mahasiswa utawa sarjana. Sing isih gelem tandang gawe ing sawah mung generasi tua (umur luwih saka 50 tahun) sing tenagane banget terbatas. Mula saka iku, pola tanam serentak sing isih dipercaya bisa ngatasi pangamuking ama kaya-kaya wus ora bakal bisa ditrapake maneh.
Pangamuking ama, miturut ilmu sekolahan, disababake saka maneka warna: pestisida kang ora bener, rabuk kang kleru, winih kang wus ora layak, lan liya-liyane. Nah, pejabat mau ya nrocos bab iku, nanging kayane piyambake lali menawa ana tugas pokok pemerintah kang uga dadi penyebab masalah iki. Yaiku ora ana maneh varitas pari anyar kang dihasilake dening lembaga penelitian pemerintah.
Aku dadi kelingan jaman Pak Harto isih nyekel panguwasa, makaping-kaping pemerintah kasil gawe varitas pari anyar minangka hasil panaliten lembaga penelitian pemerintah. Coba sampean eling-eling, apa lembaga penelitian jaman reformasi iki wis kasil gawe varitas pari anyar maneh sing tahan ama wereng lan keunggulan liyane? Nol besar !!
Sing ditandur para among tani saiki isih varitas pari tinggalan jaman Pak Harto. Coba sawangen: Cisadane, Memberamo, IR-64, C-4, lan sapanunggalane. Kabeh mau pranyata tinggalan jaman Orde Baru. Jaman saiki, sanadyan dhuwit rakyat sing disedhot dening lembaga-lembaga penelitian mau terus digrujugake, nanging kepara amung dadi "gaji buta". Kabeh mau kadi dene anempuh bebasan "nyangoni kere minggat", dibayar gedhe tanpa ana hasil sing dirasakkake rakyat tani. Jinguk tenan....
***
Klaten, 9 Maret 2011.
Foto kapethik saka: www.detik.com
Tag: petani, politikpangan
Terkait:
-
Translating Mbah Darmo's Article
Kamis, 10 Mar '11 16:18 -
Senjata Menyalak di Setrojenar
Senin, 18 Apr '11 15:10 -
Selamat Datang di Australia!; Kacang Tanah Made in Bule
Selasa, 12 Apr '11 03:23
Siapa saja yang merating artikel ini:
-
The Crow: Inspiratif
-
Ibnu Muslim: Menarik
-
Coulrophobia: Penting
-
Glagah Putih: Inspiratif
-
Maximillian: Inspiratif
-
botaksakti: Keren
-
sekar: Menarik
-
TTTH: Penting
-
Black Horse: Penting
-
rephemera: Penting
-
yusro: Keren
-
Harlan Eryandi: Inspiratif
-
conscientizacao: Inspiratif
-
Last Man Standing: Menarik
-
emina: Keren
-
Semar Mendem: Menarik
-
Icarus: Penting
-
Felipe: Inspiratif
-
-Mafia hitam-: Inspiratif
-
ndableg: Inspiratif
-
nDhedhet: Penting
-
ipool: Penting

Komentar:
pakai google translate bisa ga ya?
Sragen, ndesone Simbah maneh, wah
Kalau boleh menyimpulkan, inti utamanya di sini ya [Jinguk tenan....]
[Coba sampean eling-eling, apa lembaga penelitian jaman reformasi iki wis kasil gawe varitas pari anyar maneh]
Ada, Mbah... Namanya Super Toy, yang ternyata hanya toy yang letoy
===========
Pancen Biangane mbah....hehehe
* ealah dadi kelingan mas Agus anake kades Delanggu.
Giliran hama mengamuk, bendungan jebol, saluran irigasi hancur, hasil panen remuk, jangankan datang, menengok pun tidak. Cen uasyu tenan...
ga ada rating 'Membingungkan" sih ya. Tapi gambarnya sih gambar tikus. kira-kira sepertinya ini sedang membahas kegalauan sang penulis dalam membasmi hama tikus ?
betul tidak paman The Crow ?
http://politikana…-pangan.html
nuwun sewu mbah, menawi [Ing desaku, golek tenaga kanggo ngolah tanah, tandur, matun, angele ngungkuli golek mahasiswa utawa sarjana. Sing isih gelem tandang gawe ing sawah mung generasi tua (umur luwih saka 50 tahun) sing tenagane banget terbatas.] punika klentunipun sinten mbah?
*bilih klentu mbah, menawi TV ingkang boten leren anggenipun ngiming-ngimingi?
_/\_
Lha priyagung sing ngendikan mau, cen wereng kok Mbah
Suwun, nek niku mpun moco kulo. . .
[dadi kelingan guyone kancaku: IPB alumni can do anything, but agricuture...]
hoo..ini tentang pertanian yah... *elus jenggot*
Ingkang tengik™-an mboten mung rengginan. . . .
The Crow:
Inggih, mlayu nyang TKP. . . .
Niki sing marakke +1 inspiratif
Terjemahan dgn baca cepat helicoptering menurut saya begini:
Mbah Darmo nangis melihat sawah dalam dua tahun ini, lima kali masa tanam tidak panen lagi karena terserang hama tikus dan wereng. Petani utang kesana-kemari, kiri kanan untuk ongkos tanam tapi beberapa masa tanam tidak panen juga. Ada petani yang punya modal dapat menaman jagung, melon, cabe tapi ketika panen harga murah sekali, dasar nasib sial. Tenaga yang mau mencangkul usianya lanjut, usia muda lebih suka nganggur daripada mencangkul.
Kementerian Pertanian melihat kegagalan panen petani, justru menyalahkan petani, sulit diatur, sulit diajak diskusi dsb.
Para peneliti di bidang pertanian gaji besar, miskin prestasi yang bermanfat bagi petani. Tak ada penemuan varietas baru, zaman ORBA menemukan beberapa varietas yang ditanam hingga sekarang. Menggaji peneliti, ibarat memberi uang kepada gelandangan/pengemis agar segera pergi. (kalimat terakhir ini yang berkesan).
Mbah Darmo: Menawi lepat nyuwun pangapura Mbah.
[Ada petani yang punya modal dapat menaman jagung, melon, cabe tapi ketika panen harga murah sekali, dasar nasib sial.]
betul. hasil pertanian kalau dibeli langsung dari petani itu sangat murah, sedangkan klo udah nyampe mall menjadi amat mahal. yang untung tetep makelar dan pengusaha2 kaya.
Tingkah punika sampun kaserat wonten buku SOP, dados gonta-ganti priyagung ngaten punika tingkahe. Sinuhun boten kersa wonten kabar saking jongos ipun menawi petani gagal penen. Para jongos mboten wantun matur kahanan ingkang leres. Nggih niku ta tindak-tanduk ngapusi ingkang sampun dados pedamelan, budaya.
Waaah, si Mbah kontrarevolusi...
Icarus: masa lalu tidak semuanya jelek, justru kejujuran dalam menilai itu yg penting...
Kalau kita beli hasil panenan di level petani/pedagan pasar umumnya, jika kita sortir sendiri untuk menyamai kualitas barng di supermarket mungkin cuma dapet separohnya.
loh, saking ijem kok saged dados abrit tho, Mbah? Menawi teng dusun kulo, bar diamuk tikus sabinipun paling dados coklat niku, niki tikuse mesti sekti sanget nggeh? sekti pundi kaliyan pak botaksakti ?
#jawabedagenerasijadidahkenalcoklat
Apa dwiwarna harus diganti jadi coklat-putih?
--------------------------------------------- --------
ampun lebay, Mbakyu, londo sithok niku anggenipun tindak taksih remen "mlaku ndhodhok", menopo malih namung basa kromo
oh nggeh, leres. Sampeyan nastiti sanget
[ bendera majapahit yg konon merah putih itu, juga gula kelapa kan]
eh, saya baru dengar yang satu ini
Saya gak tahu kata cokelat iu datang dari mana, tapi kalau mengacu ke bahasa inggris kan, cokelat itu makanan/tumbuhan, dan brown baru warna.
perkiraan saya si konsep warna cokelat baru dikenal orang jawa ssesudah kedatangan para bule yg doyan makan cokelat.
Tadinya mungkin warna cokelat ini dianggap gradasi dari warna merah saja, sebagaimana orang madura menganggap biru sebagai gradasi warna hijau.
bisa jadi topik diskusi menarik nih.
nice info. thanks!
===
Metode pengendalian hama serangga pada tanaman dengan cara mekanik/fisik
...
Penggunaan perangkap dengan menggunakan bau dapat dilakukan dengan media ketam sawah (yuyu) dapat diterapkan untuk menjerat walang sangit. Secara tradisional, cara ini banyak diterapkan oleh petani didaerah Jawa Barat. Caranya dengan menggantungkan bangak ketam dipinggir sawah. Ternyata dari hasil pengamatan, perangkap ini memang dapat menjerat puluhan, bahkan ratusan walang sangit dan kepik hijau. Perangkap ini akan lebih efektif jika dipadukan dengan perangkap perekat (Kusnaedi, 1999)
Langkah kerja pembuatan perangkap bangkai ketam adalah sebagai berikut:
1. Membuat papan berukuran kira-kira 30cm x 30cm dan di beri penyangga. Papan di letakkan dalam keadaan menghadap keatas/tengadah dan kemudian diolesi dengan perekat.
2. Ketam sawah dimatikan dan dibiarkan hingga membusuk dan diletakkan diatas papan yang telah diolesi dengan perekat.
3. Perangkap kurung
...
====
Kapundhut saking mriki:
http://eone87.wor…-mekanikfis/
Wong Jawa nyebut warna cokelat gradasi abang apa Kang?
Yen ijo, Dura nyebute biru deun...
Iya ta, ora ngesot maneh pa?
Menawi pun ngendikan "cangkemkoe linoe" nanging sik saged dhahar, remen jadah, tempe bacem-e Mbah Carik Kaliurang ta?
http://politikana…h-darmo.html
*promosi yoben sing penting urip
Silahkan login untuk memberikan pendapat